“Wong pekok”
Guoblok eblak – eblok panggah di sandang wae..
Matane opo ora melek ….micek wae
Yen goblok iku uripe bakal larang alias susah…
Nanging kok yo…isih keminter banget…
Sing pekok maneh yo sing gelem di pinteri iku.
Wong sing becik iku uwong sing bisa nekuk janganne
Lan bisa ndiklukne mustakane…
Ora malah nyengar koyo pari gabuk
Iku njiwa – jiwa sing gembrang jenenge.
Yen dikandani malah nuturi
Yen di wenehi weruh malah nduduhi
Yen di wulang malah ngguroni
Terus omonge gumedhe lan nggedabrus.
Mr.O : Surabaya,04 Juli 2007 , 21.45 Wib
Ijin share ...
BalasHapus