Embuh aku gak weruh….
Kadang aku gak ngerti sing dikarepne.
Yo..mesakne… tapi yo terus kepriye…
Ngono ngpno yo sigarane Nyawaku…
Anakku Yo uwis loro…
Lanang wedok wis Jangkep rasane uripku.
Tapi kadang …atiku sik kadang mumet karepku dewe
Sisianku kadang pancen ngayela ake…
Ora mergo dunyo ta duwike kurang blonjo…
Bojoku nriman lek masalah dunyo…
Mung siji tresnane kegeden karo aku
Dadi aku kadang bingung dewe…
Karepe ora gelem tak tinggalake…terus kepriye..?
Karepku yo..podo emoh ninggalno anak bojo… Tapi opo iso..?
Sandang pangan lan rezekiku gak siji sak panngonan.
Kadang cedek omah kadang yo adoh omah…
Aku nelongso sakjane nyawang sisianku
Aku rumongso kedusan… gak isok menehi katresnan lahir batin.
Duh..gusti…pedot rasane atiku..
Nyuwun pangapuro sing akeh
Mugo-mugo bebryianku iki dadio sak lawase.
By Mr.O Bali Nusa Dua , 29 Agustus 2010 21:18 wita
Tidak ada komentar:
Posting Komentar